ping fast  my blog, website, or RSS feed for Free Catatan Brutal: Saat SMA (bahasa jawa)

Sunday, 1 April 2012

Saat SMA (bahasa jawa)

     Ceritaku diwiwiti sak lebare aku kenal karo Maha nanging ora mung kuwi. Aku saya akrab saklebare aku lunga kemah karo Maha, sakliyane lunga bareng aku uga sakregu karo Maha.
            Dina kawitan paskemah aku bingung kudu ngangsu kanggo masak ing ngendi, mung modal nekat aku langsung mangkat gawa ember. Satekane panggonan tendo kesekertariatan aku ketemu karo cah wadok lan cah wadok kuwi ayu tenan sak liyane ayu bocahe uga krudungan, krudungane nambahi manis tenan. Nalika nulis presensi ijin metu aku mung bisa deloki cah kuwi thok, gara-gara aku nglowoh aku dadi disengeni mas-mase sing jaga presensi. Aku grogo metu bareng karo bocah ayu.
            Aku mlaku barang karo cah wadok kuwi kamangka aku karo kae during kenalan barkuwi dheweke tekok “ awakmu pak ngangsu pok...?” Aku mung bisa grogi nanging aku tetep mangsuli “ hmmmmb”.
            Bar kuwi dheweke takok meneh  “ lha jenengmu sapa?” “aku” semaurku karo bingung “yo lah, mosok seng dodol pangsit kae” kondone kae karo guyu “ nengapa si….” tekoke karo aku “aku cintya” semaore bar ngono ku takon “lah iki pak ngangsu neng ndi?” cintya mangsuli “ yo nang kali mosok ning pombensin.”
            Sak tekae kali aku njupuk banyu, nalika aku njuk banyu cintya raup lan krudunge dicopot. Subhanallah tambah kesengsem aku. Sak tekane tendha aku isin kelingan ma uterus nganti bengine. Nalika aku ngalamun Maha teka gawakake jagung baker, sak durunge diwenehke aku. Jagung sing isih panas kuwi ditempelake ing pipiku. Aku njempling karo njerit, gara-gara njerit mau aku diundang ing sumber suara. Aku kon ngadek nganggo sikil siji. Yo wis aku ngundang Maha ben dihukum karo mas-mase. Nalika dihukum aku weruh pujaan hatiku marani aku karo Maha. “ayo kuat-kuatan” omonge karo guyu. Aku mung bisa dlopong ndelangke cintya, tembe sadhar aku, Maha padha bae ndlopong. Karang aku dugal Maha takjoroke “opo diq?” Maha getak aku “ dlok apa koe” wangsulanku bar kuwi cintya pak bali ing tendho “ Sidiq, Maha” aku kaget “lho kok bisa kenal karo koe si?” omongku karo bingung “owokwokw” Maha mung guyu thok. Limang menit bar kuwi aku kabur karo Maha.
            Ora krasa telung dina wis tk lakoni, waktune kudu bali. Ning njero truk Maha utah, lha wetengku krasa mules. Karang jenenge kanca angger mules yo mules bareng. Saktekane omah aku tepar ora bisa apa-apa. Aku sms Maha, Maha malah jare ibuke kerokan gara-gara masuk angin.
            Esuke nalika mangkatt sekolah gegerku karo Maha plonteng-plonteng abang soale kerokan. Lan tanpa sakkartine aku jebul Maha nembak cintya karang aku gah kalahsaing aku langsung nang kelase cintya. Aku langsung ngomong “ cin, jujur aku trisna, aku pengen dadi pacarmu koe gelem ora?” dheweke malah meneng “yowes ora usah jawab sak iki seuk-sesuk yo ora papa” aku semaur karo ndemek tangane cintya. “yow is aku tak nang kelas sek yo” “hmmmb” semaure cintya.
            Dina kapig papat cintya ora mangkat sekolah, otomatis aku karo Maha goleki lan khawatir sanget. Jebule cintya pindah sekolah tapi sak durunge pindhah cintya nitipke laying kanggo aku lan Maha, layange dititipke kancane jenenge Suyana. “diq karo maha, sabar yo..cintya pindhah amarga ana masalah keluarga, iki layange kanggo cah loro kadi cintya” omonge Suyana karo aku lan Maha.
            Sakbare maca laying kuwi aku lan Maha nangis dineg-neng karo kanca-kanca. Dina ganti minggu, lan minggu ganti wulan. Pitung wulan sakwise cintya pindah Maha mangklih gering. Aku mung bisa priyatin lan nyangap Maha pas arep mangan.
            Aku wis janji ora pak mikiri kae meneh. Bar ngono ana bocah pindhah anyar saka Limung jenenge Reziandra. Reziandra iki njagong ing jejerku, takakoni bocahe ayu lan ora kalah karo cintya. Maha sing sakiki mesakake disia-sia josi karo ikmal terus. Angger bagas kancaku sak kelas malah jodohke aku karo reziandra sak atos-atos watu akhire aku malah dadi pacaran karoreziandra. Aku lan pacarku sepakat pak lurokake maha pacar ben maha gelem mangan meneh. Pas isuk-isuk maha dioyak-oyak boby karo nahl, jebule maha ngenyek upik nganthi nangis. Boby karo nahl ngomongake karo ketua lan wakil kelase yaiku adit lan khadam. Langsung bar kuwi mau maha disengeni sak kelas nanging ana bocah siji sing mbelani Maha. Meta sing tembe mangkat mbelani Maha, langsung bar kuwi komandan suyana karo titin nyoraki “ edian…. Ah.. ana seng belani kie ooo…. langsung jadian ye…”. Langsung sak kelas balangi Maha karo Meta nganggo kertas kalebu bocah-bocah sing sih padha pacaran neng buri.

No comments:

Post a Comment